Kamis, 28 Januari 2010

Syekh Imam Nawawi Al-Bantany

SYEKH NAWAWI AL-BANTANI

Syekh Nawawi Al-Bantani sebenere kasihe puniku Abu Abdul Mu’thi Muhammad Nawawi bin Umar Bin Arabi Al-Jawi Al-Bantani. Syekh Nawawi dilahiraken ning Tanara, Serang, Banten pada taun 1813M. wong tue lanange puniku penghulu lan tokoh agama sing disegeni. Beliau maler keturunan saking Maulana Syarif Hidayatullah (Sunan Gunung Djati). Kire-kire umur 15 taun, beliau linggar ning tanah suci Makkah kangge belajar ilmu agama tapi boten lambat mantuk malih ning griye kangge ngebantoni wong tue ne ngewuruk ngaji. Cume telung taun, Syekh Nawawi ngebantoni wong tue ne ngewuruk ngaji ning pesantren. Syekh Nawawi linggar malih ning Makkah, tras ning Madinnah, Mesir, Syiria, Baghdad, Yaman lan daerah liane ning Timur Tengah kangge ngederes ilmu agama.
Sesampune keliling ning daerah timur tengah kangge ngederes ilmu agama, beliau linggar malih ning Makkah. Syekh Nawawi mulai ngamalaken ilmune puniku ngajaraken ilmune kangge para muride. Kire-kire umur 30 taun Syekh Nawawi mulai sibuk nulis kitab diantarose kitab Tafsir Al-Munir Li Maalim Al-Tanzil sing terkenal. Syekh Nawawi sampun ngedamel 8 karya lan nulis lebih saking 100 kitab. Selian nulis kitab syekh Nawawi niku terkenal guru besar sing cerdas lan seneng rendah hati. Syekh Nawawi ninggal dunie ning Makkah pada taun 1897M, kire-kire umure 84 taun.

2 komentar:

cyr1352 mengatakan...

pak aku bingung mw komen apa
tdi.a mw nanya arti.a malih tpi dah thu pak! so aq cma mw ngasih thu aja.......

Abe Baja mengatakan...

he..he... bisa aja. siapa nih..? ini blogmu...?