Kamis, 04 Februari 2010

Prasasti Munjul

PRASASTI MUNJUL
Ning tengah laut wenten nelayan lagi mayang, ning perjalanan dicegat sereng perompak (Bajak Laut). Bajak laut makse nelayan niku supados ngisungi hasil mayang niku. tapi pas lagi ribut niku wenten kapal sing lewih gede lagi jalan arah perompak niku. pimpinan perompak niku langsung ngudak ning kapal sing gede niku, perompak nyampe ning kapal gede niku, langsung saos mencolot ning kapal gede niku.
Penghuni kapal gede niku kaget, pas wenten para perompak niku, ternyata penghuni kapal niku derebene kerajaan Tarumanegara, boten ngomongan malih pimpinan bajak laut niku langsung ngerampas barang-barang kapal kerajaan niku. salah sios pimpinan kapal kerajaan niku marah sembari ngomong, sinten sampean.....? wani-wani ne nyerang kapal kerajaan Tarumanegara niki. Pimpinan bajak Laut niku boten ngereken sembari ngomong: ”kapale sinten tah, sinten tah lamun lewat ning riki berarti mangsa kule. Cepet serahaken barang-barang sampean skabeh!
Wiih.... kurang ajar, sederenge nyerahaken barang-barang niki, hadepi kerihin mayat kule. senopati kerajaan Tarumanegara niku, ngancem...! trus pimpinan bajak laut niku ngancem malih, ” wiih.... boten uning sereng kule yah...! awas sire tek bacok sire..!
Ning jero kapal gede niku pada gulet lan pada bacokan sampe-sampe kapale ajur lan acak-acakan. Akhire kapale jadi belah lan pasukan tentara kerajaan niku padem sedanten. Tinggal sios uwong sing maler urip lan ngambang ning runtuhan-runtuhan kapal niku.
Seminggu berikute wenten wong mancing ning pinggir pantai sembari linggih ning duhur watu karang. Sampun lambat mancinge tapi boten antuk-antuk, sing mancing niku kasihe bima lan wamana, pas gi enak-enak mancing, wenten uwong sing ngambang ning sisa-sisa bangkai kapal. Langsung saos bima nyebrus lan nolongi uwong niku, pas di tingali ternyata senopati saking kerajaan Tarumanegara. Dibakte lah senopati niku ning kerajaan Tarumanegara.
Pas nyampe ning kerajaan. Raja purnawarman marah, ningali senopati lan anak buahe padem ning tangan bajak laut. Akhire raja Purnawarman mutusaken kangge nyerang balik bajak laut niku. banjang isuke pasukan kerajaan Tarumanegara linggar kangge nyerang bajak laut niku, pas di perjalanan kepetuklah pasukan bajak laut niku, boten basa-basi malih langsung saos diserang kapal bajak laut niku tanpa ampun, hancur berantakan lan padem sedanten pasukan bajak laut niku.
Pas lagi meriksa kapal, wenten uwong sing maler urip lan tetulungan kon ngbukakaken lawang. Langsung saos wamanna taken, sinten niku?, niki kule prajurite raja Purnawarman. Mireng suare niku langsung saos dibuke lawange, pas sampun dibuke langsung saos nutup cungure. Sembari taken: bener andike prajurit tuan raja? Enggih tuan, jawabu uwong niku, sembari marek ning wamana.
Sampun..sampun.... napik medek malih, mambu amis...! sesampune mireng niku. uwong sing mambu amis niku langsung saos nyebur ning laut. Ningali kejadian niku wamanna langsung nangis sembari ngomong, napik tuan.... kule jorangan.. boten serius... kelipun nyemplung ning laut. Mireng wamana nangis bima langsung nyebur. Di ilari uwong niku. Tapi boten kepetuk-petuk. Akhire kapal raja nerusaken perjalanan. Lan singgah ning sios tempat perkampungan. Ning riku disambut sereng penduduk mayarakat. Lan di suguhi dahar kangge memperingati kemenangan peperangan sereng bajak laut. Masyarakat sekitar ngerase seneng karna sampun boten wenten bajak laut malih. Pas lagi acare berlangsung, wenten wong wadon lewat, lan wamana langsung ngudak wong wadon sing ayu niku, langsung saos ditubruk sampe tibe. Wamana disewoti sereng bima lan tuan raja purnawarman. Kelipun wamana wong wadon niku langsung ditubruk...?. niku uwonge..niku uwonge..niku uwonge... jawab wamanna. Uwong sinten, boten ngertos kulene, niku uwonge pimpinan bajak laut.
Mireng omongane wamana, wong wadon niku langsung berubah wujud dados pimpinan bajak laut niku, ternyata wamana bener, bahwa pimpinan bajak laut niku bangkit berubah wujud, mambune amis, uwong gede lan ireng. Sesampune berubah wujud, langsung di serang sereng pasukane raja Purnawarman, tapi sedanten pasukan raja niku keleh lan padem sedanten, tinggal panglima perang lan rajane. Panglima niku langsung nyamber tapi deweke geh keleh. Kelawan terpakse raja Purnawan langsung turun tangan, tapi sederenge nyerang. Di setop sereng Bima, sampun tuan kule saos sing maju, tuan raja nonton saos. Gulet lah Bima lan pimpinan Bajak laut niku. akhire pimpinan bajak laut niku rubuh lan paadem sampun dikalahaken sereng Bima.
Raja purnawarman geleng-geleng endas, keheranan. Soale kok bangkit si Bima ngelehaken pimpinan Bajak laut niku, saking kagume, akhire raja Purnawarman ngeken acare peringatan kemenangan sampun ngelehaken pimpinan Bajak Laut niku.acare niku diarani acare pengabdian, bukti bahwa raja Purnawarman ucapan terima kasih, kelwan bukti nulis ning aksasra Pallawa sing masih bahasa sansekerta sing tulisane sbb:
” Vikrantayam vanipateh
Prabbhuh satyaparakramah
Narendraddhyajabutena crimatah
Purnnavarmmanah”
Artinya :
” Ini tanda penguasa dunia yang perkasa, prabu yang setia serta penuh kepahlawanan, yang menjadi panji segala raja yang termasyhur.” By Purnawarman.