Rabu, 28 April 2010

Sejarah Banten

SEJARAH BANTEN
Asal mula aran Banten puniku saking kata ”Bantah” sing artine warga Banten pada masa kekuasaan kerajaan Tarumanegara, pada ngebantah lamun dikuasai malih sereng kerajaan sriwijaya. Salah sios bukti bahwa banten pada masa kekeuasaaan kerajaan tarumanegara puniku wenten prasasti cidanghiyang atawe prasasti lebak, kecamtan munjul pandeglang Banten.
Prasasti niku ditemukakeken pada taun 1947, bentuke kados puisi huruf Pallawa maler bahasa Sansekerta lan isine tentang kekaguman keberanian raja purnawarman. Sesampune kerajaan tarumanegara ancur bekas serangan saking kerajaan sriwijaya, warga banten bagian kulon niku milet ning kerajaan sunda, pada waktu niku kerajaan padjajaran. Warga Banten bagian wetane jadi daerah kekuasaan kerajaan sriwijaya. Jadi Banten wetan lan lor daerah pelabuhan internasional sing selalu kebuka kangge negare-negare atawe kerajaan-kerajaan sing pundi saos.
ISLAM RAUH NING BANTEN
Agama Islam manjing ning Banten lewat perdagangan saking Arab. Selain dagang wong arab niku sambil nyebaraken Islam. Pada waktu niku Banten maler kekuasaan kerajaan Padjajaran. Walaupun masyarakat maler dominasi agama Hindu, tapi wenten sebagian warga sampun manjing agama Islam. Banten niku sampun dados daerah kekuasaan pada taun 1526 soale wenten bukti tulisan prasasti ning surosowan sing munine: ” Inkang kalang Banten nagari sedengnyan haro hara ikang nunaya jeung sisa sabakingkin anak ira susuhunan jatipurba lawan prasaparisharanya teka wong muslim prasiya sira, wiweha kahanan ika wadya demak lan charbon teka ta prahwa nira mandeg ing labuan banten nagari, irika tang ayuddha”. Setelah kejadian niku boten lambat malih islam jadi kerajaan ning Banten saking kekuasaan kerajaan demak.

KESULTANAN BANTEN

1. Sultan Hasanuddin (1552-1570)
Semenjak pemerintahane, Sultan Hasanuddin sampun ngeberhasilaken:
• Mimpin kerajaan Islam ning Banten
• Nyebaraken Islam Ning Banten
• Nguasai daerah lampung (sumatera) manjing ning kerajaan Islam Banten
• Pelabuhan Banten dados pelabuhan sing rame dikunjungi wong dagang saking penjuru dunia
2. Sultan Maulana Yusuf (1570-1580)
Semenjak pemerintahane, Sultan Maulana Yusuf sampun ngeberhasilaken:
• Ngeislamaken kerajaan Hindu ning daerah Banten
• Ngebangun pesantren-pesantren
• Nerusaken pembangunan Masjid Agung
• Ngebagusi infrastruktur bangunan kerajaan Banten
• Ningkatakan keamananan lan pertanian
• Ngebangun danau Tasikardi
• Damel peraturan penempatan penduduk kangge masyarakat Banten seperti:
 Kampung Pakojan = kangge wong dagang saking timur tengah
 Kampung Panjunan = kangge wong tukang gerabah, tani
 Kampung Kepandean = kangge tukang damel wesi
 Kampung Pangukiran = kangge petukang ukir
 Kampung Pagongan = kangge petukang damel gong
 Kampung Sukadiri = kangge petukan damel senjata
 Kampung Kademangan = kangge masyarakat demang
 Kesatrian = kangge wong Satria, Perwira, Senopatai,jawara lan
prajurit istana.

3. Sultan Maulana Muhammad (1580-1596)
Sultan Maulana Muhammad diangkat sultan waktu umur 9 taun, diisungi gelar kanjeng Ratu Banten Surosowan. Sultan niki dikenal sereng masyarakat Banten uwonge Sholeh lan taat ning agama. Selain nyebaraken agama Islam, sultan niki damel kitab-kitab tentang ajaran agama Islam. Peran sultan niki puniku ngewakehaken damel bangunan-bangunan mushola, mesjid, pesantren sampe ning daerah peloksok. Saking semangete kangge nyebaraken agama Islam Sultan Maulana Muhammad linggar ning Palembang kangge nyerang kerajaan Musi di Palembang. Pas peperangan Maulana Muhammad padem diserang sereng musuhe. kire-kire umure 25 taun.
4. Sultan Abul Mafakhir Mahmud Abdul Kadir (1596-1651)
Abul mafakhir diangkat dados raja/sultan pada usia 5 bulan. Karna maler bayi, akhire ditunjuk Mangkubumi Jayanagara sebagai Wali (wong tue angkat). Lan di asuh sereng Nyai Embun Rangkun. Mangkubumi jayanegara padem sekitar sultan abul mafakhir umur 6 yaun. Jabatan mangkubumi niku diserahaken sereng adine, tapi boten lambat malih mangkubumi niku dipecat, karna kelakuane boten bagus. Akhire boten wenten pengangkatan mangkubumi malih, lan sultan di urusi sereng ibunda sultan Nyai Gede Wanagiri. Boten lambat malih ibunda sultan nikah sereng bangsawan keluaraga istana, secara otomatis lakine niku dados mangkubumi. Tapi mangkubumi sing baru niki, boten wenten wibawane, kadang-kadang sering di sogok sereng pedagang asing. Kelakakuane niku sing boten disenengi sereng masyarakate.
Kondisi niku sing nimbulaken rasa boten puas antar pejabat istana. Akhire wenten puncak keributan sing boten bangkit dilupakaken puniku: pangeran Mandalika (Pecile Maulana Yusuf) ngerampok perahu Jung saking Johor. Ulah pangeran niku di penging sereng patih Mangkubumi. Tapi pangeran mandalika boten ngereken. Malah ngompori pangeran-pangeran liane supados gabung nyerang wong dagang asing. Khususe wong Portugis lan Belanda. Akhire warga masyarakat simpati sereng pangeran mandalika.
Sekitar wulan juli 1605 pangeran Jayakarta rauh ning Banten kangge ngehadiri acara sunatan Sultan Muda (Sultan Abul Mafakhir Mahmud Abdul Kadir). Mangkubumi nenda kerjasamane kangge ngeberantas pembrontakan-pembrontakan. Pangeran Jayakarta nyanggupi kerjasama niku. Pangeran Jayakarta nenda bantuan pasukan Inggris lan nyerang pasukan pembrontak niku. Penyerangan niku berhasil, tetapi dede tambah tentram malah tambah kacau
Pada tanggal 23 Agustus 1608, Syahbandar lan sekertarise di pateni sereng perusuh. Lan seteruse tanggal 23 Oktober 1608, patih Mangkubumi dipateni malih. Kejadian niki sing ngecepetaken terjadine kerusuhan ning Banten sing dikenal peristiwa Pailir. Selian peristiwa Pailir, pada sultan Abul Mafakhir wenten peristiwa Pagarage/pacerebonan sing kejadiane pada taun 1650. peristiwa niki dimenangaken sereng pasukan kesultanan Banten.
Sultan Abul Mafakhir derebe pecil puniku: Pangeran Pekik (Sultan Abul Maa’li Akhmad) sing padem pada taun 1650 waktu peperangan pagarage, Ratu Dewi, Ratu Mirah, Ratu Ayu dan pangeran Banten. Pangeran pekik (Sultan Abul Maa’li Akhmad) derebe pecil: Ratu kulon, Pangran Surya, Pangeran Arya kulon, pangeran lor lan pangran Raja.
Sultan Abul Mafakir padem pada tanggal 10 maret 1651, jenazahe dikubur ning kanari, pedek sereng makam pecile pangeran pekik. Kangge nerusaken kesultanane di terusaken sereng cucune puniku pangeran surya (Sultan Ageng Tirtayasa)

5. Sultan Ageng Tirtayasa (1651-1682)
Beliau puniku pecile Sultan Abu Al-Ma'ali Ahmad cucune saking Sultan Abdul Mufahir Mahmud Abdul Kadir (memerintah 1605-1640). Waktu enome, Sultan Ageng Tirtayasa di isungi gelar Pangeran Surya. Sesampune wong tue ne ninggal bapa tue ne ngisungi kepercayaan kangge ngeganti wong tue ne jadi Sultan Muda lan di isungi gelar Pangeran Ratu atau Pangeran Dipati. Beliau diangkat sebagai sultan lan gelare Sultan Abdul Fathi Abdul Fattah setelah kakeknya meninggal dunia.
Selau penguasa Banten, Sultan Abdul fathi Abdul Fattah dikenal tegas ngejalanaken roda pemerintahan. Beliau ngusahakaken ngebalikakaken kejayaan Banten kados sengen. Misale majukaken perdagangan Banten lan ngeluasakaen kekeuasaan lan sing paling penting ngusir penjajah Belanda saking Batavia. Sultan ageng tirtayasa pengen ngebangun kerajaan islam terbesar.
Wenten kalih sing deweke dilakokaken pertami, bidang ekonomi, kesejahteraan rakyat ditingkataken kelawan ngewakehaken lahan pertanian lan ngebangun irigasi sing katah. Kekalihe bidang keagamaan beliau ngangkat Syekh Yusuf ulama saking makasar dijadikaken mufti kerajaan sing bakale nyelesaiaken urusan agama lan sekaligus dados penasehat sultan Ageng Tirtayasa. Seliane niku Sultan Ageng Tirtayasa ngembangaken agama Islam ning ploksok desa kelawan ngebangun pondok pesantren, sejak nikulah Banten terkenal kota santri.
Sultan Ageng Tirtaysa derebe pecil kalih, puniku pangeran Gusti (Sultan Haji) lan Pangeran Purbaya.
Putra mahkota sing paling tua puniku pangeran Gusti, sederenge putra mahkota niku diserahi tanggung jawab. Pangeran gusti dikirim ning tanah suci makkah supados ngeggeluti ilmu agama lan ningali perkembangan Islam ning dunia.
Semenjak pangeran gusti ning makkah, tugas-tugas pemerintahan dipercayakaken sereng adine puniku pangeran purbaya.
Sampun taunan linggar ning makkah pangeran gusti mantuk ning Banten lan antuk gelar Sultan Haji. Ningali roda pemerintahan kesultanan Banten di urusi sereng adine pangeran purbaya lan peranane nyangkin katah. Sultan haji ngrasa keunggahan sehingge wenten masalah-masalah sing bakale jadi hancur kesultanan Banten. Ningali konflik kakang adi niku, akhire sultan ageng tirtayasa sering hijrah ning sios dusun puniku kampung tirtayasa lan damel keraton baru. Semenjak nikulah Sultan Abdul Fattah niku dijuluki Sultan Ageng Tirtayasa.

6. Sultan Abu Nashr Abdul Kahar/Pangeran Gusti (Sultan Haji)
Putra mahkota Pangeran Gusti Sultan Abu Nasr Abdul Kahar sing dikenal dengan Sultan Haji semantuke saking makkah peranane lewih semit saking adine pangeran purbaya. Sultan Haji ngurusi urusan dalam negeri kesultanan. Lan pangeran Purbaya ngurusin urusan luar negeri Kesultanan.
Pemisahan pengurusan tata pemerintahan niku ke uningan sereng Belanda lan ngefitanah Sultan haji supados sengit sereng posisi Pangeran Purbaya (Adine Sultan Haji). Sesampune Belanda berhasil ngehasut Sultan Haji supados nyengiti adine, akhire Sultan Haji lan Belanda bersengkokol.
Pada wulan mei 1680 Sultan Haji ngundang Belanda kangge ngukuhaken deweke jadi sultan Banten. Lan pada tanggal 25 november 1680 Sultan Ageng Tirtayasa nyangkin sengit lan marah, sampun wani mendet kebijakan lan kekuasaan boten pajar sereng wong tue ne (tanpa sepengetahuan orang tuanya) Karna di Bantu sereng Belanda, sultan Haji ngelakukaken kudeta wong tue ne kangge nguasai keraton surosowan pada taun 1681.
Masa pemerintahan sultan haji katah kejadian kekacauan lan pemberontakan, sampe-sampe rakyat Banten boten ngakui ning sultan haji sebagai Sultan Banten. Semenjak sultan niki kesultanan Banten merosot secara drastis. Kehidupan sultan Haji boten tenang, atine sering resah lan nyesel sampun ngelawan sereng wong tue, karna nasi sampun jadi bubur. Ya nikulah kejadiane. Saking pusinge, Sultan Haji katah pikiran sampe sering sakit lan padem pada taun 1687.

7. Sultan Abdul Fdhl
Sesampune Sultan Haji padem kejadian perebutan kekuasaan sereng pecil-pecile sultan. Sedanten pengen dados sultan/raja. Keputusan demi keputsan akhire pecile sing kasihe Abul Fadhl Muhammad Yahya diangkat dados raja/kesultanan Banten. Embene telung taun ngejabat, sultan niki gering lan padem.



8. Sultan Abul Mahsain
Sultan Abul Fadhl boten derebe pecil. Kesultanan di serahaken sereng adine puniku Pangeran Adipati lan di siungi gelar Sultan Abul Mahasain

9. Sultan Muhammad Syifa Zainul Arifin
Pecile sultan wenten sing mateni, kesultanan di ganti sereng pecil ke kalihe puniku Sultan Muhammad Syifa Zainul Arifin. Masa kesultanan niki kebijakan-kebijakane sering ngebarataken rakyate, diantarose kerja rodi, tanam paksa lan lian-liane. Sultan muhammad syifa zainul arifin sering dipengaruhi sereng rabine ratu syarifah fatimah. Karna sultan sampun tue lan mesen supados diangkat putra mahkota pangeran gusti, tapi rabine boten setuju. Rabine malah nunjuk putra mahkotane puniku mantune, puniku pangeran syarif abdullah. Kejadian niku diatur sereng rabine karna sampun kerjasama sereng kompeni Belanda.
Karna sultan sering dipengaruhi sereng rabine, malah pangeran gusti di eken linggar ning batavia. Tapi pas nyampe ning batavia malah ditangkep sereng belanda. akhire putra mahkota di gantos sereng mantune puniku syarif abdullah. Lan di isungi gelar puniku pangeran syarif Abdullah. Sultan zainul Arifin ditangkep sereng kompeni belanda karna dianggap edan. Lan secara otomatis kesultanan Banten diganti sereng mantune puniku pangeran syarif Abdullah.

10. Sultan Syarifuddin Artu Wakil (Pangeran Syarif Abdullah)
Semenjak kesultanan niki kebijakan-kebijakane sering diteken sereng Belanda, akhire rakyat Banten ngeberontak lan nyerbu surosowan sing dipelopori sereng Ki topo lan ratu Buang.
Kejadian niku, akhire gubernur Jenderal Kompeni Mossel nangkep ratu syarifah lan sultan Syarifuddin, selanjute Belanda ngangkat pangeran Arya Adi Santika sebagai Sultan Banten kelawan gelare Sultan M.wasi Zainul Alimin
11. Sultan M.Was’i Zainul Alimin
Sekitar enem wulan nyekel kursi kesultanan, sultan Zainul Alimin nyerahaken kesultanane ning pecile (Sultan M. Zainul Asiqin), karna sultan boten kiat ngadepi reaksi rakyate sing boten seneng sereng Belanda.

12. Sultan Abu Nashr Muhammad Arif Zainul Asiqin
Kesultanan pada masa zainul asiqin niki boten lambat dikarnakaken padem lan di serahaken sereng pecile Sultan M.Aliuddin

13. Sultan Abul Mafakhir M. Aliuddin
M.Aliuddin boten derebe pecil, selanjute kesultanan sing nyekel adine puniku Pangeran Muhiddin.

14. Sultan Abul Fath M. Muhiddin Zainal Shalihin
Pada taun 1801 Sultan dipateni sereng Tubagus Ali (pecile Sultan Aliudin). Tubagus Ali pun wafat sereng pengawal sultan. Selanjute kesultanan di terusaken sereng Sultan Zainul Muttaqin.
15. Sultan Abul nashr M. Ishaq Zainul Muttaqin
16. Sultan Wakil Pangeran Natawijaya
17. Sultan Agiluddin atau Sultan Aliyuddin II
18. Sultan Wakil Pangeran Suramanggala
19. Sultan Muhammad Syafiuddin (1809-1813)
20. Sultan Muhammad Rafiuddin (1813-1820).
Nah, kesultanan sing terakhir niki dihancuraken sereng Belanda. Hancur sistem kesultanan
lan hancur bangunan-bangunan keraton surosowan (pusat pemerintahan kesultanan Banten)

Wisata Ziarah

WISATA ZIARAH

1. Makam Keramat Cikaduen
Makam ning daerah niki puniku makame Sultan Haji, Makam puniki makame salah sios pecile Sultan Ageng Tirtayasa.
2. Masjid salafiayah Caringin
Masjid puniki di damel pada taun 1884 peninggalan saking Syekh Asnawi. Boten tebih saking masjid caringin puniku wenten makame KH. Muhammad Asnawi (Syekh Asnawi bin Abdul rohman) sing pademe pada taun 1356 H (1937M) sing tempate ning tepi pantai, desa caringin, kecamatan labuan kabupaten Pandeglang.
3. Makam keramat Solear
Makam puniki makame syekh Mas Masad bin Hawa tokoh agama Islam. Kawasan makam puniki maler alas lan sing ngenggeni atusan monyet (kera), sing wentene ning Kecamatan Solear, kabupaten Tangerang.
4. Makam Ki buyut Sani
Situs buyut sani puniku aran komplek kuburan tepate ning daerah pulau panjang kasihe buyut sani, buyut sani puniku ulama sing nyebaraken Islam ning daerah pulo panjang. Lokasine bangkit nyebrang saking ragas grenyang atawe sing karang antu, nyebrang nunggang Perahu.

Sate Bebek

SATE BEBEK CIBEBER
Sate asale saking kata satay sing artine panganan daging sing di irisi alit-alit lan disunduk sereng pring alit, terus di garang sereng areng sembari dikebuti. Umume masyarakat Indonesia sampun uning bahwa sate asale saking jawa lan madura, tapi lamun ning banten lain daripada yang lain, puniku sate bebek, mungkin ning daerah liane terkenal sereng sate wedus, sate kebo, sate ayam. Tetapi lamun ning banten tepate ning daerah cibeber puniku sate saking bebek.
Asal mulane wenten sate bebek puniku sejarahe katah tamu rauh ning daerah cibeber khususe tamu saking arab, soale sengen pada zaman kesultanan, daerah cibeber puniku daerah transit perdagangan.

Sejarah Tangerang

Tangerang
Tengger : Tanda (Tugu sing didamel saking Pangeran Soegiri (Anake Sultan Ageng Tirtayasa) maksude kangge wilayah kekuasaan Banten lan VOC). Ning tugu niku wenten tulisane:
“Bismillah peget Ingkang Gusti
Diningsun juput parenah kala Sabtu
Ping Gasal Sapar Tahun Wau
Rengsena Perang nelek Nangeran
Bungas wetan Cipamugas kilen Cidurian
Sakebeh Angraksa Sitingsung Parahyang-Titi”
Artine:
Kelawan nyebut Asma Allah Saking kaula mendet kesempatan dinten sabtu tanggal 5 sapar taun wau sesampune perang kaula tancebaken tugu niki, kangge nahan wates wetan cipamugas (cisadane) lan kulon Cidurian sedantene ngejage tanah kaum parahayang.
Perang : Perange wong Banten lan VOC. Dados aran tangerang puniku tugu sing misahaken antare benteng pertahanan Banten lan belanda. Tepate ning kampong Grendeng Cisadane (Ujunge Jalan Otto Iskandar Dinata lamun seniki mah).
Kire-kire taun 1652. benteng pertahanan kesultanan Banten didamel sereng wong telu maulana puniku (yudhanegara, Wangsakara dan santika) sing diangkat sereng penguasa Banten. Beliau ngedamel pusat pemerintahan kemaulanan sekaligus damel pusat perlawanan VOC ning daerah Tigaraksa, aran Tigaraksa di pendet saking wong telu maulana niku. Sekabeh wong telu niku diutus kangge ngelawan VOC, tapi pas peperangan telu maulana niku padem sedanten. Aran Tanggeran jadi tangerang puniku wilayah niki sampun dikuasai sereng Belanda. lan sampun di tanda tangani antara perjanjian Sultan Haji lan VOC pada tanggal 17 April 1684.
Daerah Tangerang sedantene manjing kekuasaan Belanda. pada waktu niku tentara belanda dede asli belanda sedanten, sing pribumi geh wenten diantarose saking madura dan makasar. Tentara kompeni saking makasasr boten ngenal huruf mati lan kebiasaan nyebut “tanggeran” dengan “tangerang”. Akhire hampir sedanten nyebut tanggeran jadi tangerang. Sampe seniki. Aran tangerang jadi resmi pada masa penjajahan jepang pada taun 1942-1945. pemerintah jepang mindahaken pusat pemerintahan Jakarta (Jakarta ken) ning tangerang sing dipimpin kentyo M Atik Soeardi, hari lahir tangerang pada tanggal 27 Desenber 1943. selanjute penetapan niki dikukuhkan pada taun 1984.
Asal mulane penduduk tangerang puniku saking sunda (Banten, Bogor, Sukabumi lan Parahayangan) terus rauh malih pendatang saking demak, cirebon, tionghoa, betawi lan lampung. Makane sampe seniki, tangerang tambah katah pendatange dibanding pribumine.

Beberapa nama kota/kawasan yang ada di Tangerang:
1. Mauk, kota ini terkenal dengan kota Pagoda, dikarenakan di kota ini banyak kelenteng atau wihara yang berbentuk Pagoda
2. Kresek, kota ini terkenal dengan kota Tambak Udang
3. Cipondoh, kota ini terkenal dengan kota Industri Pakaian
4. Ciledug, kota ini sangat padat dan ramai penduduknya sehingga terkenal macetnya dibanding dengan kota-kota lainnya
5. Karawaci, kota ini terkenal dengan pusat perbelanjaan dan central niaga, salah satunya terdapat mall yang bonafit dan terkenal yaitu Lippo Mal Karawaci
6. Balaraja, kota ini mempunyai history yang filosofy, dikarenakan asal kata Balaraja itu artinya tentara raja pada zaman kesultanan Banten yaitu Sultan Ageng Tirtayasa
7. Tigaraksa, kota ini juga memiliki sejarah, asal kata Tigarakasa itu mengandung arti tiga Pahlawan, yaitu Yudhanegara, Wangsakara dan Santika pada zaman kesultanan Sultan Ageng Tirtayasa
8. Cikupa, kota ini terkenal dengan kota pusat industri padat raya
9. Curug, kota ini terdapat beberapa kebun rambutan, makanya sebagian orang mengatakan kota ini terkenal dengan kota rambutan.
10. Serpong, kota ini terkenal dengan perumahan elite diantaranya Bumi Serpong Damai (BSD)
11. Ciputat, kota ini terkenal dengan kota pendidikan karena banyak lembaga pendidikan dikota ini diantaranya UIN syarif hidayatullah, UNJ, UMY dll.