Kamis, 28 Januari 2010

Asal Mula Kampung Sargati

Asal Mula Kampung Sargati
Zaman sengen, wenten pemuda saking Pandeglang kasihe Surogati, deweke niku mesantren ning daerah Karangantu. Sampun belasan taunan mesantren, akhire sang yai ngeken nyebaraken ilmune kangge masyrakat kampunge. Surogati mantuk ning griyene, tapi pas ning perjalanan surogati istirahat kangge solat jumat tepate ning daerah Anyer, tapi surogati keliling boten ningali masjid pisan, pada waktu niku katah warga sing dereng manjing agama Islam. Surogati ngilari tempat solat, akhire nemu kali sing pedek sereng kampung, trus wudhu lan adzan. Pas waktu adzan, katah sing mireng karna suarane lantang lan enak dipirenge, khususe para ibu-ibu sing lagi ngumbah ning kali. Ibu-ibu niku penasaran pengen uning sinten sing adzan niku.
Ibu-ibu niku nyamperi ning surogati lan tetaken, waw tes ngelakoni nape tuan? Surogati ngejawab: ”sholat”. Sholat? Taken malih ibu-ibu niku, sholat niku nape? Solat niku nyembah ning pengeran bagi wong Islam. Trus wau niku nyanyi nape malih? Nyanyiane bagus lan enak dipireng. Kule sedanten meriki gara-gara nyanyian tuan niku. Niku dede nyanyi tapi adzan. Adzan niku panggilan kangge wong Islam ayun sholat. Surogati cerita tentang Islam. Akhire ibu-ibu niku manjing agama Islam.
Sorene bapak-bapak ne ngilari rayate boten wenten ning griye ne, kepetuk lagi ngerumuni surogati, langsung saos bapak-bapak niku nyamperi surogati lan ngubek sampe ngegebug sereng pirang-pirang senjata. Surogati melayu ning alas. Bapak-bapak ngubek malih sampe surogati tibe lan terkurung. Digebug surogati niku sampe padem. Anehe, bapak-bapak sing mateni surogati niku jadi edan lan padem sedanten. Tempat kuburan niku diarani surogati. Trus selanjute diarani sargati.

Tidak ada komentar: