Kamis, 28 Januari 2010

Singa Saking Banten

SINGA SAKING BANTEN

Singa saking Banten puniku julukan kangge pangeran Purbaya pecile sultan ageng tirtayasa, pangeran purbaya dijuluki singa, sebabe sikap lan mentale kados sing, biasane lamun wenten peprangan deweke niku paling arep barisane. Boten wenten rasa gentar lan ciut, lamun ngadepi musuh. Katah bukti lamun deweke niku aus saking peperangan. Salah sios bukti pas banten diserang sereng belanda. Pangeran purbaya langsung nikem lan mateni pasukan belanda. Boten wenten ampun.
Sing lebih seru maning lagi gulet sereng gajah putih (Patih saking kerajaan Sriwijaya Palembang), semongko gajah putih terkenal galak lan sakti, tapi tetep bangkit di kalahaken sereng pangeran purbaya niku. Walaupun pangeran purbaya ngerasa pegel, lan lemes. Akhire pangeran purbaya kabur lan istirahat ning daerah cilegon. Pas gi istirahat pangeran purbaya ngerasa aus, akhire jarane pangeran purbaya niku di eken ngedek lemah sing kenceng, supados medal banyu. Nyemburlah banyu niku di minumlah banyu bening niku. Sing seniki lobang edekan tapal jaran niku diarani sumur pitu. Sebabe lobange wenten pitu.
Sesampune istirahat ning sumur pitu niku. pangeran purbaya linggar malih ning daerah bogor (perbatesan banten lan kerajaan pasunda). Pas gi istirahat sios gubug, wenten aki-aki kasihe ki apong ningali pangeran purbaya niku lan keheranan, klipun awan-awan niki wenten singa yah...! singa ne gede malih. Singa saking pundi yah. Wah... kok getihen sih. Boten lambat malih, singa niku berubah dados uwong sing gagah lan perkasa. Langsung saos, aki-aki niku tunduk lan berlutut. Ampun tuan...dikirane sinten tuan, kule boten uning. Ampuun tuan. Sampun.... tangi... kule ayun numpang istirahat ning riki. Lan pengen di obati ning riki.
Enggih tuan, katuran nginep saos ning riki. Lan kule siap ngobati tuan. Enggih sih mekoten mah. Kule mengkin kisuk ayun berangkat malih ning bali. Kangge nyebaraken islam. Jadi, kule kudu fit staminane. Nah percakapan antara pangeran purbaya lan aki-aki niku, senikine diarani kampung jasinga.
Kisuke sesampune waras penyakite, pangeran purbaya linggar ning bali. Lan ning rike nyebaraken islam. Lan dijuluki singa raja. Sesampun misi nyebraken islame rampung. Akhire pangeran purbaya linggar malih ning banten. Pas ning perjalanan pangeran purbaya kepegelen lan gering tepate ning daerah tasikmalaya. Lan lokasine ning singaparana (singa = singa parna = sakit). Jadi daerah singaparan niku asal usul pangeran purbaya sakit ning derah niku. lan boten lambat malih pangeran purbaya padem ning gunung galunggung tasikmalaya.

Syekh Imam Nawawi Al-Bantany

SYEKH NAWAWI AL-BANTANI

Syekh Nawawi Al-Bantani sebenere kasihe puniku Abu Abdul Mu’thi Muhammad Nawawi bin Umar Bin Arabi Al-Jawi Al-Bantani. Syekh Nawawi dilahiraken ning Tanara, Serang, Banten pada taun 1813M. wong tue lanange puniku penghulu lan tokoh agama sing disegeni. Beliau maler keturunan saking Maulana Syarif Hidayatullah (Sunan Gunung Djati). Kire-kire umur 15 taun, beliau linggar ning tanah suci Makkah kangge belajar ilmu agama tapi boten lambat mantuk malih ning griye kangge ngebantoni wong tue ne ngewuruk ngaji. Cume telung taun, Syekh Nawawi ngebantoni wong tue ne ngewuruk ngaji ning pesantren. Syekh Nawawi linggar malih ning Makkah, tras ning Madinnah, Mesir, Syiria, Baghdad, Yaman lan daerah liane ning Timur Tengah kangge ngederes ilmu agama.
Sesampune keliling ning daerah timur tengah kangge ngederes ilmu agama, beliau linggar malih ning Makkah. Syekh Nawawi mulai ngamalaken ilmune puniku ngajaraken ilmune kangge para muride. Kire-kire umur 30 taun Syekh Nawawi mulai sibuk nulis kitab diantarose kitab Tafsir Al-Munir Li Maalim Al-Tanzil sing terkenal. Syekh Nawawi sampun ngedamel 8 karya lan nulis lebih saking 100 kitab. Selian nulis kitab syekh Nawawi niku terkenal guru besar sing cerdas lan seneng rendah hati. Syekh Nawawi ninggal dunie ning Makkah pada taun 1897M, kire-kire umure 84 taun.

Seren Taun

Seren Taun

Daerah Banten Selatan tepate ning Cisungsang wenten komunitas kasepuhan Banten Kidul. Kelompok masyarakat niki dipimpin sereng Ketua Adat/Sesepuh sing masih ngepertahanaken tradisi peninggalan Kerajaan Padjajaran puniku upacara syukuran hasil panen sing umure ratusan taun. Sing biasane upacara seren tau Upacara Seren Taun puniku tradisi sing dilakokaken masyarakat Sunda sing zaman Kerajaan Padjajaran. Lan seniki maler di lakokaken sereng masyarakat Cisungsang Banten Selatan.
Biasane seren taun di laksanakaken 49 dinten sesampune musim panen, Seren Taun biasane diawali sereng acara balik taun rendangan. Rendangan puniku kelompok kepala keluarga masyarakat kasepuhan Banten Kidul sing jumlahe wenten 90 kepala keluaraga. Sedantene rauh ning Cisungsang. Sedanten kepala keluarga niku ngelapor hasil panene lan ngebakte seupaheun (bingkisan) sing isine duit lan tembako. Seupaheun niki syarat sing kudu dibakte lamun ngadep ning kepala suku.
Biasane lamun wenten upacara niki, sedanten dedaharan lan perlengkapan upacara Seren Taun ditanggung sereng warga Cisungsang lan Rendangan. Lan biasane Rendangan ngebakte hasil panene misale, sayuran, buah-buahan lan Pari. Sesampune acara balik Taun Rendangan, ritual selanjute nganjingaken pari ning lumbung sing biasane disebut Ngareremokeun. Ritual niki puniku bentuk penghormatan sereng Dewi Sri lan Dewi Kesuburan.
Ritual ngareremokeun diawali sereng iring-iringan rombongan sesepuh, ngebakte 9 wakul pari sing sampun dibungkus kain putih. Selian sange wakul sisa pari disimpen malih ning lumbung niku kangge pasokan lamun wenten musim paceklik.

Kesenian Debus

KESENIAN DEBUS BANTEN

Debus puniku kesenian bela diri saking Banten. Kesenian niki didamel pada masa Sultan Ageng Tirtayasa. Debus niku kesenian sing bangkit nunjukaken kemampuan manusia sing luar biasa, sing boten bangkit dibacok, kebal geni, bangkit dahar silet, beling, lan lian-liane. Atraksi niki bahaya pisan, boten uwong sing sembarang ngelakukaken kesenian debus niki. Sampun atusan taun kesenian niki berkembang kesarengan sereng penyebaran Islam ning Banten.
Awale kesenian niki fungsine kangge nyebaraken agama Islam lan kangge nyerang perlawanan penjajah Belanda. Syarat-syarat pemain debus puniku: kudu ngelakoni ritual-ritual sing sampun diajaraken sereng gurune, lan pantangane boten antuk nginum-nginuman keras, main judi, ngewadon, atawe nyolong. Lan pemaine kudu yakin lamun ayun atraksi.

Sejarah Serang

SEJARAH SERANG


Aran Serang saking bahasa Sunda sing artine Sawah. Sebab sengen system kesultanan Banten digantos sereng keresidenan tempate ning keraton Kaibon. Aran Kaibon saking kata Ka-Ibu-an,sing artine Kraton niki kangge Ibunda Sultan. Sultan Muhammad Rafiuddin seharuse sampun mimpin ngeggantikaken bapane sing sampun ninggal dunie puniku Sultan Muhammad Syafiuddin, pada waktos umur 5 Wulan. Supados pemerintahan Kesultanana Banten berjalan. Ibunda Sultan Rafiuddin sing arane Ratu Asiyah ngegantikaken kedududkan putra mahkota sampe sultan dewasa.
Semenjak nikulah kraton niku diarani Kaibon. Tempate kirang lebih sios KM sederenge Masjid Agung Banten. Atawe lokasine ning kampung Kroya. Tepate pada taun 1813 Kraton Kaibon dibongkar sereng pemerintah Hindia Belanda sing dipimpin Daendles. Makane seniki tinggal puing-puinge saos. Lambat laun pergulatan politk tambah bergejolak lan warga Banten tambah ngelawan. Akhire Keresidenan dipindah ning Serang (Sawah). Akhire warga Banten pada pindah, lan Banten jadi hancur. Serang niku jadi desa.
Lambat laun desa Serang tambah luas lan tambah katah penduduke, akhire Serang jadi Kecamatan, boten lambat malih Serang dados Kabupaten. Semenjak Banten misahaken saking Propinsi Jawa Barat, Banten dados Propinsi lan ibu kota Propinsi Banten puniku Serang. Selain Serang dados ibu kota Propinsi Banten Serang puniku wenten sios kabupaten lan derebe 26 kecamatan lan Kota Serang wenten 6 Kecamatan. Kota Serang niku di antarose puniku: Cipojok Jaya, Curug, Kasemen, Taktakan, Walantaka lan Serang. Selain 6 Kecamatan niku. Termasuk Kabupaten Serang. Antare Kota lan Kabupaten Serang, Serang derebe tempat Objek Wisata Sejarah, misale: Masjid Agung Banten, Kraton Surosowan, Museum Situs Kepurbakalaan Banten, Meriam Ki Amuk, Kraton Kaibon, Kelenteng Cina, Pelabuhan Karangantu, Tasikardi lan lian-liane.

Sejarah Gunung Krakatau

GUNUNG KRAKATAU
Krakatau puniku kepulauan vulkanik sing maler aktif sing wenten ning selat sunda antara pulau jawa lan sumatera. Pada tanggal 26-27 agustus 1883 meletus gunung krakatau niku. letusan krakatau nyebabaken rubahe iklim global. Sedanten alam ning dunia niki peteng kire-kire rong dinten. Letusan gunung krakatau niki
Ledakan gunung krakatau niki sebenere maler keleh sereng letusan gunung toba lan gunung tambora ning indonesia, gunung tanpo ning selandia baru lan gunung kaatmal ning alaska. Tapi gunung-gunung niku meletus populasi manusia maler sekedik. Tapi lamun gunung karakatau meletus, populasi manusia sampun padet lan sains teknologi sampun berkembang, telegraf sampun ditemukaken. Kabel laut sampun dipasang, jadi teknologi inforamsi sampun berkembang pesat.
Gunung krakatau puniku bencana sing paling bahaya ning dunia sesampune wenten kabel laut dipasang.

Legenda Batu Kuwung

Asal Mula Batu Kuwung
Waktu sengen wenten saudagar sugih sing sombong, pelit lan medit. Sios dinten wenten Babariman sikile buntung mampir ning griye ne. Babariman niku nenda dahar lan nginum, tapi secuilpun boten ngisungi, boro-boro ngisungi malah ngusir lan ngejek Babariman niku. Akhire Babariman niku ngedoakaken sing boten bagus kangge saudagar niku.
Subuhe saudagar sugih niku ngerase boten kiat tangi. Soale sikile boten bangkit digerakaken. Singkete saudagar sugih niku jadi lumpuh. Akhire ngilari para tabib, kangge ngobati penyakit niku. Saudagar sugih niku ngejanjikaken umpami wenten sing bangkit ngobati penyakite, ayun di isungi imbalan sing katah. Pirang-pirang tabib ngobati tapi boten wenten sing berhasil. Saudagar sugih niku bener-bener pengen waras, sampe deweke ngejanjikaken sinten saos sing bangkit ngobati penyakite, sebagian hartane ayun di isungi.
Sayembara niku kepireng sereng pengemis sing di ejek saudagar niku. Akhire pengemis niku nyamperi lan ngobati saudagar sugih niku. Babariman niku majaraken bahwa lamun tuan ayun waras, wenten 3 persyaratan. Sios, tuan kudu ngerubah sifat sombong lan pelit niku. Kalih, tuan kudu linggar ning gunung karang lan ngilari watu cekung, linggih ning riku lan tetapa ning riku, selama pitung dinten pitung sipeng, napik dahar-lan nginum. Telu, lamun tuan sampun waras, sebagian hartane di isungi sereng wong fakir miskin ning kampunge.
Sesampune mireng persyaratan sing diungkapaken sereng babariman niku, langsung saudagar sugih niku linggar ning gunung karang. Sembari dibopong sereng anak buahe, perjalanan boten wenten istirahate. Sampe-sampe ning tengah alas, kekalih anak buahe niku tibe lan pingsan. Saudagar niku ngelanjutaken perjalanane kelawan melaku ngerayap sampe ning puncak gunung karang, lan kepetuk sereng watu cekung niku. Langsung saos tetapane dimulai.
Dinten terakhir tetape niku, wenten keajaiban saking pusat watu cekung niku nyemburaken sumber banyu panas, langsung saos saudagar niku adus, boten disadari sikil sing asale lumpuh niku jadi waras lan bangkit melaku. Kelawan ati seneng saudagar niku mantuk lan nepati janjine, lamun sampun waras, sebagian hartane ayun disumbangaken sereng wong fakir miskin. Sengen saudagar niku dikenal sombong, pelit tetapi semenjak wenten kejadian niku, saudagar jadi loman lan sayang ning warga kampunge. Nikulah cerita legenda batu kuwung, lan seniki katah sing ngunjungi tempat wisata.

Suku Baduy

SUKU BADUY

Wong baduy puniku masyarakat adat sing maler tradisional lan tempate maler alami lan ploksok, wong baduy niki tinggal ning wilayah lebak, Banten selatan. Bahasa deweke puniku sunda wiwitan. Baduy di bagi kalih, wenten baduy dalam lan baduy luar. Lamun baduy luar bangkit ngomong bahasa indonesia, tapi lamun baduy dalam boten bangkit.
Kepercayaan masyarakat baduy puniku sunda wiwitan sing maksude nyembah ning pemujaan arwah nenek moyang (animisme) sing selanjute dipengaruhi sereng agama budha, hindu lan islam. Inti kepercayaan masyarakat baduy puniku pikukuh (ketentuan) adat mutlak sing dilakoni sehari-harine warisan saking nenek moyange.
Masyarakat baduy niku wenten telung kelompok puniku: Tangtu, Panamping, lan dangka. Kelompok Tangtu puniku kelompok baduy dalam, sing paling ketat ngikuti adat. Ciri-ciri Kelompok Tangtu ditingali saking kelambine serba putih lan iket endas putih.
Kelompok sing kekalihe puniku kelompok Panamping. Kelompok niki sing diarani baduy luar. Biasane masyarakat niki ngengge kelambi ireng lan lan iket endas warna ireng loreng biru. Kelompok ketelu puniku kelompok Dangka. Kelompok dangka niki campuran saking baduy dalam lan baduy luar.

Asal Mula Kampung Sargati

Asal Mula Kampung Sargati
Zaman sengen, wenten pemuda saking Pandeglang kasihe Surogati, deweke niku mesantren ning daerah Karangantu. Sampun belasan taunan mesantren, akhire sang yai ngeken nyebaraken ilmune kangge masyrakat kampunge. Surogati mantuk ning griyene, tapi pas ning perjalanan surogati istirahat kangge solat jumat tepate ning daerah Anyer, tapi surogati keliling boten ningali masjid pisan, pada waktu niku katah warga sing dereng manjing agama Islam. Surogati ngilari tempat solat, akhire nemu kali sing pedek sereng kampung, trus wudhu lan adzan. Pas waktu adzan, katah sing mireng karna suarane lantang lan enak dipirenge, khususe para ibu-ibu sing lagi ngumbah ning kali. Ibu-ibu niku penasaran pengen uning sinten sing adzan niku.
Ibu-ibu niku nyamperi ning surogati lan tetaken, waw tes ngelakoni nape tuan? Surogati ngejawab: ”sholat”. Sholat? Taken malih ibu-ibu niku, sholat niku nape? Solat niku nyembah ning pengeran bagi wong Islam. Trus wau niku nyanyi nape malih? Nyanyiane bagus lan enak dipireng. Kule sedanten meriki gara-gara nyanyian tuan niku. Niku dede nyanyi tapi adzan. Adzan niku panggilan kangge wong Islam ayun sholat. Surogati cerita tentang Islam. Akhire ibu-ibu niku manjing agama Islam.
Sorene bapak-bapak ne ngilari rayate boten wenten ning griye ne, kepetuk lagi ngerumuni surogati, langsung saos bapak-bapak niku nyamperi surogati lan ngubek sampe ngegebug sereng pirang-pirang senjata. Surogati melayu ning alas. Bapak-bapak ngubek malih sampe surogati tibe lan terkurung. Digebug surogati niku sampe padem. Anehe, bapak-bapak sing mateni surogati niku jadi edan lan padem sedanten. Tempat kuburan niku diarani surogati. Trus selanjute diarani sargati.

Legenda Leuwi Sero

Waktu sengen, wenten siluman iwak sing gede lan sakti. Ing sios dinten, wenten raja rauh ning iwak niku, raja nenda bantuan, pengen didamelaken laut, Trus iwak niku nyanggupi kangge damelaken laut, tapi waktu sipenge iwak niku kesarehan, akhire iwak niku boten berhasil ngedamelaken laut niku. Subuhe iwak niku lemes, trus ilang boten ketingalan malih wujude, boten uning ning pundi linggare.
Akhire rencane damel laut niku boten rampung sedanten, hasil dedamelan iwak niku nembe setengahe ngebentuk kali alit. Kali alit nikulah sampe seniki diarani leuwi sero. Tempate ning kampung sengir kecamatan baros kabupaten serang

Gunung Pabeasan

LEGENDA GUNUNG PABEASAN

Pada zaman dahulu, di daerah liang Julang di Gunung Marengmang, kampung Kopo, Desa Gunung Sugih, Kecamatan Ciwandan, Kota Cilegon. Ada seekor Naga. Naga itu suka datang ke gunung yang sekarang dikenal dengan nama Gunung Pabeasan yang ada di desa Banjarsari, kecamatan Anyer, Kabupaten Serang. Jika si Naga datang, penduduk sering mendengar suara sangat keras dari puncak gunung. Jika suara itu terdengar satu kali, itu tanda si naga datang. Jika terdengar dua kali, tanda si naga kembali keliang julang. Naga itu, datang dan pergi selalu dikawal oleh dua ekor julang (burung Rangkong).
Si naga datang ke gunung Pabeasan untuk memeriksa satu Pedaringan (tempat menyimpan beras) yang ada di puncak gunung. Konon, jika si naga sedang berada di gunung itu, hasil padi sawah-sawah yang ada di sekitar gunung itu akan baik. Orang lalu memberi sesaji pada gunung itu. Mereka berharap hasil padi sawah mereka selalu baik.
Pada suatu ketika, ada seorang lelaki menerbangkan layang-layang. Sial, tali layang-layang itu putus. Layang-layang itu di bawa angin. Si lelaki memperhatikannya. Layang-layang akhirnya menyangkut disatu pohon di puncak Gunung Pabeasan.
Lelaki itupun naik untuk mengambilnya. Aneh, layang-layang itu tidak ada. Si lelaki turun. Di bawah, ia pun menatap kepuncak gunung. Layang-layang itu ada disana. Lelaki itupun kembali naik kepuncak gunung. Sekali ini pun layang-layang itu tak ada. Dengan penuh keheranan, lelaki itu menuruni gunung. Dibawah, kembali ia menatap kepuncak, layang-layang itu ada lagi. ”aneh sekali”. Dengan sangat penasaran, lelaki itu menabrak pedaringan. ”oh” serunya kaget sekali. Ia lalu cepat menuruni gunung dan pulang kerumahnya.
Pedaringan pecah, isinya berhamburan. Menurut cerita, isi pedaringan itu banyak sekali yang jatuh di daerah Bojong. Itulah sebabnya, kata orang, kini di daerah itu hasil padi sawah-sawahnya selalu baik.
Setelah peristiwa itu, si naga tidak pernah lagi terdengar datang ke gunung pabeasan. Kedua julang pun tidak pernah lagi terlihat. Gunung itu dikenal dengan nama pabeasan. Artinya, gunung tempat menyimpan beras.

Tanjung Lesung

TANJUNG LESUNG

Wenten wong enom kasihe Raden Budog lagi istrirahat ning pinggir pantai sembari sareh ning sor wiwitan. Pemuda niku kesarehan lan sampe ngimpi kepetuk sereng wong wadon ayu pisan, lagi enak-enake ngimpi raden budog kaget lan langsung tangi, soale endase ketiban kayu, sesampune tangi, raden budog kepikiran terus, ”Sinten wong wadon gaen yah”.
Boten mikir malih, langsung saos ngajak jaran lan cemere kesayangane. Semanget Raden Budog boten ngenal pegel padahal sampun 5 dinten perjalanane, sampe-sampe boten kerase badane lemes lan ngelih, pas gi nympe ning Gunung Walang (Kampung Cimahpar), jarane lemes lan boten kiat malih nanjak ning gunung niku, akhire tibe lan ngejungkel. Raden Budog akhire sadar wetenge smpun ngelih, langsung saos ngebuke bekel sing dibakte niku, lan dahar ning riku.
Sesampune istirahat lan dahar niku, Raden Budog lingar malih, kangge nerusaken perjalanane. Sampe akhire nyampe ning pantai Cawar langsung saos Raden Budog melayu sembari ngbuke kelambine terus kajuran. Sesampune adus, Raden Budog ngajak jaran lan cemere ne linggar malih. Tapi jaran lan cemere niku, meneng saos. Boten jawab, boten nurut perintahe raden budog niku, sampe-sampe raden budog kesel lan ninggalaken jaran lan cemere niku, boten lambat malih jaran lan cemere niku dados karang. Makane ning pantai cawar niku wenten kalih karang puniku ”karang kuda” lan ”karang anjing”.
Raden budog ngelanjutaken perjalanane, boten wenten rasa lelah, raden budog terus ngelanjutaken perjalanane, dinten demi dinten raden budog ngerase pegel, akhire raden budog ninggalaken tas lan batu asah, dikarenakaken ngerase abot ning pundake. Dipune lah batu asah niki tek tinggal, kangge kenang-kenangan. Makane seniki barang peninggalan raden budog niku diarani karang pengasahan tepate ning daerah Legon Waru.
Raden budog ngelanjutaken perjalanane, tapi boten lambat malih malah hujan, lajune raden budog melayu lan ngaub ning sor wiwitan, sambil ningali penyu melayu ning laut. Lan seniki daerah niku diarani Cipenyu. Enak-enak gi ngaub, hujan dede reda malah tambah banjir, akhire raden budog melayu malih ning tempat sing kire-kire boten ngerase ke atisan, akhire nemu Goa, lan manjing ning goa niku. lan seniki goa niku diarani ”Karang Meumpeuk” .
Sesampune reda hujane. Raden budog ngelanjutaken perjalanane lan nemu watu ning pinggir kali (seniki diarani ”kali Caah”) lan mandeg ning riku trus linggih ning duhur watu niku. sembari ningali pemandangan sing bagus ning sekitar lokasi niku. pas gi ngaso raden budog mireng suare lesung, langsung saos raden budog melayu lan ngilari ning pundi suare lesung niku. akhire kepetuk ning sios perkampungan, lan mampir ning riku, sembari ningali uwong-uwong sing lagi nabuh lesung niku. enak-enak lagi memperhatikaken raden budog kaget, ternyata sing nabuh lesung niku diantarose wenten wong wadon ayu sing mirip ning mimpi deweke niku, boten bosen-bosen ningali wong wadon niku, akhire keuningan sereng wadon niku, wadon niku ngerase isin dikarenakekan ditingali terus, lan manjing ning griye ne.
Raden budog niku langsung saos medek ning griye ne lan ngetok lawang, sing maskude pengen uning sinten wong wadon niku. apatah sing di mimpikaken kule niku yah....!. boten lambat malih lawang dibuke sereng wong tue kasihe Nyi Siti,
Nyi siti : Wenten nape kang..?
Raden budog : Kule meriki ayun nenda tulung, kule niki pengembara,
hampir sebulan perjalanan, kule ngerase pegel lan pengen
istirahat. Antuk boten kule sareh ning riki....?
Nyi siti : Waduuuh..... peripun yah, kule niki boten kenal sereng
andike, nape malih kule niki, janda derebe pecil wadon
malih, pripun yah...? masa sampe nginep sgale
Raden Budog : Tulung niki mah, kule niki boten derebe sinten-sinten
ning kampung niki,dados kule pengen nginep ning riki.
Nyi siti : Maaf kang, boten bangkit kadose, soale boten enak nieg
tetangge.
Raden budog : Waduh...trus kule nginep ning pundi niki...?
Nyi Siti : Wis ning saung jabe saos kuh, katuran lamun ning jabe
mah, boten nape-nape.
Raden budog : ooo... enggih sih ari koten mah...!

Sipenge Raden Budog sareh ning saung pinggir griye ne Nyi Siti niku kerase lelap pisan. Pas waktu subuhe Raden Budog di tangikaken sereng pecile Nyi siti, puniku kasihe Nyi Sri Poh Haci.
Sri Poh Haci : kang, tangi.... sampun awan kih, niki kopine katuran diminum....
Raden Budog : ehm ....... (menguap bangun tidur) engiih....enggiih… hatur nuhun nggih, ngomong-ngomong sinten niki yah...?
Nyi Sri Poh Haci : kule Sri Poh Haci, pecile Ny Siti, katurah di minum kang...! ( sambil melirik pandangan pertama)
Raden Budog : boten salah malih, kadose mah andike sing kebakte mimpi niku!

(Singkat cerita percakapan raden Budog dan Nyi Sri Poh Haci itu berlangsung lama, sehingga muncul benih-benih cinta antara keduanya).

Hubungan raden budog lan nyi sri poh haci niku ke uningan sereng wong tue ne, sampe-sampe hubungan wong kalih niku boten disetujui sereng song tue ne. Akhire kelawan sikap terpaksa direstuilah hubungan wong kalih niku sampe kawin.
Sekitar sampun rong wulan, raden budog tinggal ning griye ne rayate lan sering ngebantoni pedamelan rayate, sampe-sampe meluni hobine rayate niku, puniku nabuh lesung, hampir tiap dinten raden budog nabuh lesung.
Pada dinten jumat, Raden Budog tetep nabuh lesung, padahal sampun diperingataken bahwa setiap dinten jumat, boten antuk nabuh lesung. Tetapi raden budog tamblek lan boten ngereken perintah kepala dusun niku, akhire raden budog dados lutung (Monyet), ningali raden budog dados lutung, akhire nyi Sri Poh Haci linggar ning alas dikarenakaken isin sereng masyarakat. Raden budog dados lutung kasarung lan nyi sri poh haci dados dewi padi.
Nikulah ceritane, makane kampung niku terkenal sereng sebutan kampung lesung lan letake ning Tanjung, akhire kampung niku diarani Tanjung Lesung.