Kamis, 28 Januari 2010

Seren Taun

Seren Taun

Daerah Banten Selatan tepate ning Cisungsang wenten komunitas kasepuhan Banten Kidul. Kelompok masyarakat niki dipimpin sereng Ketua Adat/Sesepuh sing masih ngepertahanaken tradisi peninggalan Kerajaan Padjajaran puniku upacara syukuran hasil panen sing umure ratusan taun. Sing biasane upacara seren tau Upacara Seren Taun puniku tradisi sing dilakokaken masyarakat Sunda sing zaman Kerajaan Padjajaran. Lan seniki maler di lakokaken sereng masyarakat Cisungsang Banten Selatan.
Biasane seren taun di laksanakaken 49 dinten sesampune musim panen, Seren Taun biasane diawali sereng acara balik taun rendangan. Rendangan puniku kelompok kepala keluarga masyarakat kasepuhan Banten Kidul sing jumlahe wenten 90 kepala keluaraga. Sedantene rauh ning Cisungsang. Sedanten kepala keluarga niku ngelapor hasil panene lan ngebakte seupaheun (bingkisan) sing isine duit lan tembako. Seupaheun niki syarat sing kudu dibakte lamun ngadep ning kepala suku.
Biasane lamun wenten upacara niki, sedanten dedaharan lan perlengkapan upacara Seren Taun ditanggung sereng warga Cisungsang lan Rendangan. Lan biasane Rendangan ngebakte hasil panene misale, sayuran, buah-buahan lan Pari. Sesampune acara balik Taun Rendangan, ritual selanjute nganjingaken pari ning lumbung sing biasane disebut Ngareremokeun. Ritual niki puniku bentuk penghormatan sereng Dewi Sri lan Dewi Kesuburan.
Ritual ngareremokeun diawali sereng iring-iringan rombongan sesepuh, ngebakte 9 wakul pari sing sampun dibungkus kain putih. Selian sange wakul sisa pari disimpen malih ning lumbung niku kangge pasokan lamun wenten musim paceklik.

Tidak ada komentar: