Kamis, 28 Januari 2010

Singa Saking Banten

SINGA SAKING BANTEN

Singa saking Banten puniku julukan kangge pangeran Purbaya pecile sultan ageng tirtayasa, pangeran purbaya dijuluki singa, sebabe sikap lan mentale kados sing, biasane lamun wenten peprangan deweke niku paling arep barisane. Boten wenten rasa gentar lan ciut, lamun ngadepi musuh. Katah bukti lamun deweke niku aus saking peperangan. Salah sios bukti pas banten diserang sereng belanda. Pangeran purbaya langsung nikem lan mateni pasukan belanda. Boten wenten ampun.
Sing lebih seru maning lagi gulet sereng gajah putih (Patih saking kerajaan Sriwijaya Palembang), semongko gajah putih terkenal galak lan sakti, tapi tetep bangkit di kalahaken sereng pangeran purbaya niku. Walaupun pangeran purbaya ngerasa pegel, lan lemes. Akhire pangeran purbaya kabur lan istirahat ning daerah cilegon. Pas gi istirahat pangeran purbaya ngerasa aus, akhire jarane pangeran purbaya niku di eken ngedek lemah sing kenceng, supados medal banyu. Nyemburlah banyu niku di minumlah banyu bening niku. Sing seniki lobang edekan tapal jaran niku diarani sumur pitu. Sebabe lobange wenten pitu.
Sesampune istirahat ning sumur pitu niku. pangeran purbaya linggar malih ning daerah bogor (perbatesan banten lan kerajaan pasunda). Pas gi istirahat sios gubug, wenten aki-aki kasihe ki apong ningali pangeran purbaya niku lan keheranan, klipun awan-awan niki wenten singa yah...! singa ne gede malih. Singa saking pundi yah. Wah... kok getihen sih. Boten lambat malih, singa niku berubah dados uwong sing gagah lan perkasa. Langsung saos, aki-aki niku tunduk lan berlutut. Ampun tuan...dikirane sinten tuan, kule boten uning. Ampuun tuan. Sampun.... tangi... kule ayun numpang istirahat ning riki. Lan pengen di obati ning riki.
Enggih tuan, katuran nginep saos ning riki. Lan kule siap ngobati tuan. Enggih sih mekoten mah. Kule mengkin kisuk ayun berangkat malih ning bali. Kangge nyebaraken islam. Jadi, kule kudu fit staminane. Nah percakapan antara pangeran purbaya lan aki-aki niku, senikine diarani kampung jasinga.
Kisuke sesampune waras penyakite, pangeran purbaya linggar ning bali. Lan ning rike nyebaraken islam. Lan dijuluki singa raja. Sesampun misi nyebraken islame rampung. Akhire pangeran purbaya linggar malih ning banten. Pas ning perjalanan pangeran purbaya kepegelen lan gering tepate ning daerah tasikmalaya. Lan lokasine ning singaparana (singa = singa parna = sakit). Jadi daerah singaparan niku asal usul pangeran purbaya sakit ning derah niku. lan boten lambat malih pangeran purbaya padem ning gunung galunggung tasikmalaya.

Tidak ada komentar: