Kamis, 28 Januari 2010

Legenda Batu Kuwung

Asal Mula Batu Kuwung
Waktu sengen wenten saudagar sugih sing sombong, pelit lan medit. Sios dinten wenten Babariman sikile buntung mampir ning griye ne. Babariman niku nenda dahar lan nginum, tapi secuilpun boten ngisungi, boro-boro ngisungi malah ngusir lan ngejek Babariman niku. Akhire Babariman niku ngedoakaken sing boten bagus kangge saudagar niku.
Subuhe saudagar sugih niku ngerase boten kiat tangi. Soale sikile boten bangkit digerakaken. Singkete saudagar sugih niku jadi lumpuh. Akhire ngilari para tabib, kangge ngobati penyakit niku. Saudagar sugih niku ngejanjikaken umpami wenten sing bangkit ngobati penyakite, ayun di isungi imbalan sing katah. Pirang-pirang tabib ngobati tapi boten wenten sing berhasil. Saudagar sugih niku bener-bener pengen waras, sampe deweke ngejanjikaken sinten saos sing bangkit ngobati penyakite, sebagian hartane ayun di isungi.
Sayembara niku kepireng sereng pengemis sing di ejek saudagar niku. Akhire pengemis niku nyamperi lan ngobati saudagar sugih niku. Babariman niku majaraken bahwa lamun tuan ayun waras, wenten 3 persyaratan. Sios, tuan kudu ngerubah sifat sombong lan pelit niku. Kalih, tuan kudu linggar ning gunung karang lan ngilari watu cekung, linggih ning riku lan tetapa ning riku, selama pitung dinten pitung sipeng, napik dahar-lan nginum. Telu, lamun tuan sampun waras, sebagian hartane di isungi sereng wong fakir miskin ning kampunge.
Sesampune mireng persyaratan sing diungkapaken sereng babariman niku, langsung saudagar sugih niku linggar ning gunung karang. Sembari dibopong sereng anak buahe, perjalanan boten wenten istirahate. Sampe-sampe ning tengah alas, kekalih anak buahe niku tibe lan pingsan. Saudagar niku ngelanjutaken perjalanane kelawan melaku ngerayap sampe ning puncak gunung karang, lan kepetuk sereng watu cekung niku. Langsung saos tetapane dimulai.
Dinten terakhir tetape niku, wenten keajaiban saking pusat watu cekung niku nyemburaken sumber banyu panas, langsung saos saudagar niku adus, boten disadari sikil sing asale lumpuh niku jadi waras lan bangkit melaku. Kelawan ati seneng saudagar niku mantuk lan nepati janjine, lamun sampun waras, sebagian hartane ayun disumbangaken sereng wong fakir miskin. Sengen saudagar niku dikenal sombong, pelit tetapi semenjak wenten kejadian niku, saudagar jadi loman lan sayang ning warga kampunge. Nikulah cerita legenda batu kuwung, lan seniki katah sing ngunjungi tempat wisata.

2 komentar:

starkidZ Lembaga Privat mengatakan...

o iye bagus bagus..salut salut

starkidZ Lembaga Privat mengatakan...

o iye bagus bagus..salut salut