Kamis, 28 Januari 2010

Tanjung Lesung

TANJUNG LESUNG

Wenten wong enom kasihe Raden Budog lagi istrirahat ning pinggir pantai sembari sareh ning sor wiwitan. Pemuda niku kesarehan lan sampe ngimpi kepetuk sereng wong wadon ayu pisan, lagi enak-enake ngimpi raden budog kaget lan langsung tangi, soale endase ketiban kayu, sesampune tangi, raden budog kepikiran terus, ”Sinten wong wadon gaen yah”.
Boten mikir malih, langsung saos ngajak jaran lan cemere kesayangane. Semanget Raden Budog boten ngenal pegel padahal sampun 5 dinten perjalanane, sampe-sampe boten kerase badane lemes lan ngelih, pas gi nympe ning Gunung Walang (Kampung Cimahpar), jarane lemes lan boten kiat malih nanjak ning gunung niku, akhire tibe lan ngejungkel. Raden Budog akhire sadar wetenge smpun ngelih, langsung saos ngebuke bekel sing dibakte niku, lan dahar ning riku.
Sesampune istirahat lan dahar niku, Raden Budog lingar malih, kangge nerusaken perjalanane. Sampe akhire nyampe ning pantai Cawar langsung saos Raden Budog melayu sembari ngbuke kelambine terus kajuran. Sesampune adus, Raden Budog ngajak jaran lan cemere ne linggar malih. Tapi jaran lan cemere niku, meneng saos. Boten jawab, boten nurut perintahe raden budog niku, sampe-sampe raden budog kesel lan ninggalaken jaran lan cemere niku, boten lambat malih jaran lan cemere niku dados karang. Makane ning pantai cawar niku wenten kalih karang puniku ”karang kuda” lan ”karang anjing”.
Raden budog ngelanjutaken perjalanane, boten wenten rasa lelah, raden budog terus ngelanjutaken perjalanane, dinten demi dinten raden budog ngerase pegel, akhire raden budog ninggalaken tas lan batu asah, dikarenakaken ngerase abot ning pundake. Dipune lah batu asah niki tek tinggal, kangge kenang-kenangan. Makane seniki barang peninggalan raden budog niku diarani karang pengasahan tepate ning daerah Legon Waru.
Raden budog ngelanjutaken perjalanane, tapi boten lambat malih malah hujan, lajune raden budog melayu lan ngaub ning sor wiwitan, sambil ningali penyu melayu ning laut. Lan seniki daerah niku diarani Cipenyu. Enak-enak gi ngaub, hujan dede reda malah tambah banjir, akhire raden budog melayu malih ning tempat sing kire-kire boten ngerase ke atisan, akhire nemu Goa, lan manjing ning goa niku. lan seniki goa niku diarani ”Karang Meumpeuk” .
Sesampune reda hujane. Raden budog ngelanjutaken perjalanane lan nemu watu ning pinggir kali (seniki diarani ”kali Caah”) lan mandeg ning riku trus linggih ning duhur watu niku. sembari ningali pemandangan sing bagus ning sekitar lokasi niku. pas gi ngaso raden budog mireng suare lesung, langsung saos raden budog melayu lan ngilari ning pundi suare lesung niku. akhire kepetuk ning sios perkampungan, lan mampir ning riku, sembari ningali uwong-uwong sing lagi nabuh lesung niku. enak-enak lagi memperhatikaken raden budog kaget, ternyata sing nabuh lesung niku diantarose wenten wong wadon ayu sing mirip ning mimpi deweke niku, boten bosen-bosen ningali wong wadon niku, akhire keuningan sereng wadon niku, wadon niku ngerase isin dikarenakekan ditingali terus, lan manjing ning griye ne.
Raden budog niku langsung saos medek ning griye ne lan ngetok lawang, sing maskude pengen uning sinten wong wadon niku. apatah sing di mimpikaken kule niku yah....!. boten lambat malih lawang dibuke sereng wong tue kasihe Nyi Siti,
Nyi siti : Wenten nape kang..?
Raden budog : Kule meriki ayun nenda tulung, kule niki pengembara,
hampir sebulan perjalanan, kule ngerase pegel lan pengen
istirahat. Antuk boten kule sareh ning riki....?
Nyi siti : Waduuuh..... peripun yah, kule niki boten kenal sereng
andike, nape malih kule niki, janda derebe pecil wadon
malih, pripun yah...? masa sampe nginep sgale
Raden Budog : Tulung niki mah, kule niki boten derebe sinten-sinten
ning kampung niki,dados kule pengen nginep ning riki.
Nyi siti : Maaf kang, boten bangkit kadose, soale boten enak nieg
tetangge.
Raden budog : Waduh...trus kule nginep ning pundi niki...?
Nyi Siti : Wis ning saung jabe saos kuh, katuran lamun ning jabe
mah, boten nape-nape.
Raden budog : ooo... enggih sih ari koten mah...!

Sipenge Raden Budog sareh ning saung pinggir griye ne Nyi Siti niku kerase lelap pisan. Pas waktu subuhe Raden Budog di tangikaken sereng pecile Nyi siti, puniku kasihe Nyi Sri Poh Haci.
Sri Poh Haci : kang, tangi.... sampun awan kih, niki kopine katuran diminum....
Raden Budog : ehm ....... (menguap bangun tidur) engiih....enggiih… hatur nuhun nggih, ngomong-ngomong sinten niki yah...?
Nyi Sri Poh Haci : kule Sri Poh Haci, pecile Ny Siti, katurah di minum kang...! ( sambil melirik pandangan pertama)
Raden Budog : boten salah malih, kadose mah andike sing kebakte mimpi niku!

(Singkat cerita percakapan raden Budog dan Nyi Sri Poh Haci itu berlangsung lama, sehingga muncul benih-benih cinta antara keduanya).

Hubungan raden budog lan nyi sri poh haci niku ke uningan sereng wong tue ne, sampe-sampe hubungan wong kalih niku boten disetujui sereng song tue ne. Akhire kelawan sikap terpaksa direstuilah hubungan wong kalih niku sampe kawin.
Sekitar sampun rong wulan, raden budog tinggal ning griye ne rayate lan sering ngebantoni pedamelan rayate, sampe-sampe meluni hobine rayate niku, puniku nabuh lesung, hampir tiap dinten raden budog nabuh lesung.
Pada dinten jumat, Raden Budog tetep nabuh lesung, padahal sampun diperingataken bahwa setiap dinten jumat, boten antuk nabuh lesung. Tetapi raden budog tamblek lan boten ngereken perintah kepala dusun niku, akhire raden budog dados lutung (Monyet), ningali raden budog dados lutung, akhire nyi Sri Poh Haci linggar ning alas dikarenakaken isin sereng masyarakat. Raden budog dados lutung kasarung lan nyi sri poh haci dados dewi padi.
Nikulah ceritane, makane kampung niku terkenal sereng sebutan kampung lesung lan letake ning Tanjung, akhire kampung niku diarani Tanjung Lesung.

Tidak ada komentar: